Riyaya Kurban

 Saben tahun pendhak wulan Dzulhijah utawa wulan Besar ing musholla cedhak omah meshi nganakake Riyaya Kurban. Prasasat saben tahun kang ndherek ibadah kurban cacahe akeh. Ing tahun iki (2025M/1446 H) kewan kurban ana 8 sapi lan 12 wedhus. Amarga ngepasi ing dina Jumuwah, mula panitia kang dibantu warga kudu sengkut olehe nyambut gawe. Mretheli daging lang ngedum daging kurban marang warga sakiwa tengen. 

Cacahe ana 650 bungkus daging kang kanggo panitia, ahli kurban, panitia, lan kang dibageke marang warga njaba wilayah RW pitu, uga dibagekke marang pondhok utawa yayasan. Bungkusan kang cacahe 250 rada gedhe utawa abot timbangane kuwi kang dibagekke mligi kanggo warga RW pitu.

Para warga ipleng nyambut gawe. Ngerti kang kudu ditindakake. Ana sing mbeseti kulite, ngumbah ondhol, ngiris daging, nimbangi daging, nyacah balung sing ukurane cilik, lan uga ana sing nggraji balung gedhe. Sapa aruh lan gegojekan katon rukun lan rumaket anggone kekancan lan tetanggan. Nanging ana uga kang mbitheng ora sapa aruh. Apa amarga sengkut anggone nyambut gawe, apa amarga ana sabab liyane.

Komentar

Postingan Populer