Patang Pangucap sing Maladi
Kanggo pengeling-eling awak sira kabeh. Ana patang pangucap sing bisa maladi marang awake dhewe.
1. Aja nganti ngomong "kuwi ora bakal kalakon".
2. Aja nganti ngomong "aku ora bisa".
3. Aja nganti ngomong "aku wis ngerti".
4. Aja nganti ngomong "mengko wae".
Yen nganti ketrucut ngomong "ora bakal kelakon" mula mengkone ora bakal ketiban Ndaru, ora bakal nampa kanugrahan lan kabegjan.
Yen nganti ketrucut ngomong "aku ora bisa", tegese wis ora ngajeni awake dhewe. Kudune tansah eling lan percaya Gusti Allah cedhak marang awake dhewe. Cedhak banget, ora ginggang sak kulit brambang. Ora ngajeni awake dhewe padha karo ora ngajeni pangerane dhewe, ya ora ngajeni marang Gusti kang ngukir jiwa lan raga, Gusti kang nyita manungsa kalebu awake dhewe. Aja nganti wong liya koanggep sudra utawa remeh. Ora ngajeni liyan tegese ora ngajeni pengeran kang nyipta manungsa. Seneng mandeng liyan asor nganggo pikirane dhewe, seneng nyacat, nganti tumekaning nabok nylih tangan. Subhanallah, aja nganti kolakoni sing kaya kuwi, mundhak kuwalat.
Komentar
Posting Komentar