Aku Mulih
Wis ana umur rong windu aku dijaluk lan dienggoni kanggo ngupakara sato iwen. Mula bukane aku dibangun kanthi pangangkah kanggo panggonan bocah dolanan lan maca sakwernane buku. Jenengku "Seuntai Ilmu". Wujudku cekli marak ati, kawangun memper pendhapa modhel joglo. Sauntara meh setahun aku dienggo kanggo fasilias umum, nanging sakbanjure Ketua RT wektu kuwi nembung aku arep dienggo nyimpen barang amarga arep duwe gawe.
Paribasan "ngemut legine gula", rumangsa enak lan kepenak. Emoh ngeculke lan mbalekke marang warga. Sangsaya suwe sangsaya ndadra amarga rumangsa ora ana sing wani caturan. Nanging dadi kembang lambe saben dina. Apa maneh genah ngganggu katentremane warga. Sato kewan diumbar saparan-paran. Kejaba nganggu kaendahan, uga ndadekake rereget.
Tahun 2025 dadi pratandha aku mulih. Aku wis bisa mesem lan ngguyu, sanadyan kudu ditebus nganggo pangorbanan kang gedhe. Warga kang nuntun aku mulih dadi satru. Kabeh warga kang ngiring aku mulih rumangsa dadi susup atine. Nganti seprene. Mbuh nganti kapan dheweke bisa ngilangi susup mau. Dadi wong kudu bisa rumangsa, aja rumangsa bisa. Nganggowa ngelmu pari, sangsaya tuwa lan kebak seserepan, sangsaya andhap asor. Aja sesandhangan ngelmu suket, sangsaya dhuwur mesthi bakal kababat liyan.
Komentar
Posting Komentar