Gurit URIP ING KAMPUNG

 URIP ING KAMPUNG

Dening Istiyan KM.


Urip ing kampung ora bingung

Merga akeh gedang lan pohong

Akeh tangga ing sisih kiwa lan tengen

Urip ayem ati tentrem


Ing kampung ana budaya gugur gunung

Ngemu piwulang urip srawung lan tetulung

Gugur gunung ngresiki kampung

Ora mung ing ngerong kemulan sarung


Sapa wong kang gelem tetulung

Mesthi bakal akeh sing nulung

Yen ora gelem melu srawung

Tundhane uripe bakal kepenthung


Aduh ... thole, deloken bocah kae!

Pirang-pirang taun urip ing kene

Ora tau gelem amor tanggane

Senenge mung kluyuran ora genah jluntrunge


Urip ing kampung aja mung umuk lan gumedhe

Kudu seneng tumindak becik marang liyane

Sak wayah-wayah nemahi rubeda  lan cilakane

Mesthi butuh pitulung tanggane.

Komentar

Postingan Populer