Gurit TRESNANE WONG TUWA

 TRESNANE WONG TUWA

Dening Istiyan KM.


Tresnane wong tuwa kaya dene ombak ing segara 

Ora kendhat lan ora ana pedhote

Kasusul lan kasusul susul

Iklas tanpa pamrih


Sabare wong tuwa kaya jembare segara

Bisa ngilangke rasa gela

Sanadyan kang putra nate sembrana

Pangapurane bisa mbasuh ati sing kelara-lara


Pitutur wong tuwa kaya dene lintang ing tengah wengi

Paring pepadhang ing sasmita

Kebak piwulang luhur lan wicaksana

Supaya kang putra ora cilaka


Coba itungen lintang ing langit kae!

Tresnane wong tuwa semono uga akehe

Mula aja wani marang ibu lan bapa

Suwarga iku ana ing samparane wong tuwa


Saben wengi aku tansah umbul donga

Ndhedhepe kanggo wong tuwa

Supaya bisa slamet ing donya

Pinaringan wilujeng lan tansah mulya.

Komentar

Postingan Populer