Pathok Wates Karasan Kolanggar

Dina Kemis, 11 Juni 2020 aku lan pak Bau Rasasdi, lan pak Bayan Yani teka marang karansanku. Karepku supaya ana rembug nggenahke wates lemah karasan kang diterak karo Eko, lan  Wiji minangka mara tuwane lanang. 
Ngerti kuwi wates lemah kok kolanggar. Mangun tembok ora ngomong. Pamrihmu apa? Dina kuwi ora nemoke asil. Muter mubeng muleg.
Dian Jumat, 12 Juni 2020, aku lan Pak Lurah, Pak Bau Rasasdi, lan pak Bayan Yani mara maneh, ngajak rembugan. Ning ya durung kasil. Sakdurunge, aku sowan Pak Camat. Ngaturi pirsa yen pathokane wates lemah yakuwi pathok. Ning yen durung bisa ngatasi, mengko Pak Camat sanggup nimbali, kareben rampung.
Dina Senin, 15 Juni 2020, aku lan Pak Lurah, Pak Babin, Pak Bau Rasasdi, lan pak Bayan Yani mara maneh, wektu kuwi ngadhepi jam 12 awan, wayahe ngaso kerja. Ngenteni nganti jam 1, setengah 2, gek wae ana rembug. Nanging nganti jam 3 ora ana asile. Apa kudu dirampungna ning kantor polisi?













Komentar

Postingan Populer