TAHUN KEMBAR
TAHUN KEMBAR
Araning kalender (tahun) sing lumrah kanggo etung ana ing negara Indonesia yaiku kalender Masehi, Hijriyah, Cina, Saka, Jawa, Saka Bali, lan Sundha. Nanging sing lumrah digunakke yaiku Tahun Masehi lan Tahun Hijriyah. Saiki Tahun Masehi umure wis 2020, lan Tahun Hijriyah umure wis 1441.
Yen disawang wujud angkane kaya ana sing sajak marak ati, gampang dieling-eling, utawa katon apik, amarga anane mung wujud rong angka. 2020 anane mung angka loro lan nol. 1441 anane mung angka siji lan papat. Tegese ana angka sing kembar.
Mula kelingan ana ujaring wong kandha yen tahun iki kasebut tahun kembar Menawa dijumbuhake karo jangkaning Jayabaya, mula ana tetembungan panjangka kang meh padha jumbuhe karo kahananan saiki.
Ujaring panjangka: “sesuk yen wis ketemu tahun sing kembar bakal ketemu jamane langgar bubar, mesjid korat-karit, Kabah ora kaambah, begajul padha ucul, manungsa seda tanpa diupakara, kawula cilik padha keluwen, para punggawa negara makarya nganti lali kaluwarga"
Sawuse ketaman wabah Corona, watara tengahing wulan Maret 2020, akeh kang padha manut aturane pamarentah lan pituduh saka Dinas Kesehatan, supaya bisa kalis saka bebaya virus Corona. Nanging dadi kaya ana aturan lan adat kang anyar. Antarane kanca lan kanca ora kena padha salaman. Kudu seneng reresik, wisuh tangan nganggo sabun, Yen lelungan kudu nganggo masker, lan ora entuk padha ngumpul utawa nggrombol. Kudu ana let utawa jarak menawa kepeksa padha kumpul, tur ora luwih saka sepuluh wong.
Mula akeh mesjid lan langgar padha kurang jamaahe, amarga kudu manut saka aturan protokol kesehatan. para narapidana padha diuculke amarga kuwatir yen kunjara kakehan narapidana dadi sebab ngrembakane virus Corona. Kejaba pancen wis dietung-etung yen kakehan narapidana, dadi saya akeh beaya kang diperlokake. Budaya salaman kang becik, nanging wis ora kena dicakake maneh amarga dipercaya bisa nularake virus saka kulit tangan mau. Akeh wong kang padha ngetekhur ning ngomah, merga ora entuk lunga-lunga. Sekolah tutup, kantor tutup, pabrik-pabrik uga tutup. Ora mokal yen para buruh padha dilereni anggone nyambut gawe. Bacute wong urip saya angel golek pangan. Padha rebutan pangan.
Dr Drs H Sumaryoto Padmodiningrat MM: Mantan Anggota DPR RI, Tinggal di Jakarta.
Sumber : suaramerdeka.news
Komentar
Posting Komentar