RAMADHAN ING TENGAHING CORONA
RAMADHAN ING TENGAHING CORONA
Romadhan minangka wulan suci
Kebak berkahing Gusti
Kebak pangapuraning Gusti
Kebak rahmating Gusti
Romadhan minangka wulan kramat
Kabeh umat padha ngruwat
Kabeh laku ibadah padha ningkat
Marga ngerti ganjaran tikel tekuk drajat
Romadhan minangka wulan umbul donga
Kabeh umat ngekehke dzikir lan puja
Seneng padha laku shalat, aweh sedhekah lan pasa
Pareg Gusti, nyingkiri sakehing dosa.
Ramadhan minangka wulan berkat
Kabeh umat seneng prehatin lan tirakat
Ngedoh kabeh perkara kang ora murwat
Ngupaya oncat saka akehing perilaku bejat
Nanging, Romadhan tahun iki pancen beda.
Tekaning Corona bisa ngowahi kahanan
Tekaning Corona bisa ngowahi tatanan
Tekaning Corona gawe anyar sarekat
Mesjid, Musholla pada didohi umat
Corona, ngubah kahanan dan tatanan
Kabeh titah tan kena salaman
Kabeh muslim tan kena shalat jamaah
Kabeh umat tan kena mujahadah
Kabeh bocah tan kena ngaji lan sekolah
Nanging Corona uga maringi piweling becik
Kabeh titah kudu seneng reresik, sesuci
Kabeh janma kudu seneng wisuh
Malah, kabeh manungsa tan kena mlancong
Kabeh pelancong tan kena bali ndesa
Mangga sami ngulir budi
Corona minangka coba, apa bebendu
Mangga sami umbul puja
Corona padha enggal lunga
Kahanan bisa bali kaya mingi uni
Batang, 29 Ramadhan 1441 H
Komentar
Posting Komentar