Mlancong Ing Tanah Lot
Mlancong ing Tanah Lot
Esuk umun-umun udakara setengah jam pitu esuk aku karo rombongan wus tekan papan obyek wisata Tanah Lot. Rombongan kang cacahe wong rong atus seketan mau padha mlaku bareng kang adohe limang atusan meter saka papan parkir tumuju ing pura Tanah Lot.
Pura Tanah Lot iki dumunung ing sadhuwure watu karang kang maune gandheng karo dharatan,.Nanging saiki yen pinuju banyu segara pasang, pura kuwi kapisah dening banyu laut., mula yen arep ning pura kudu nyabrang nganggo prau. Kosok baline, yen pinuju pasang surut akeh wisatawan kang munggah ing papan mau, amarga wisatawan padha mlaku kaya umume ing dharatan, sanajan kudu tansah ati-ati amarga lunyu.
Ing sakiwa tengene pura kuwi akeh guwane kang saperangan guwa mau dienggoni ula werna ireng putih. Ula kuwi dipercaya minangka ula suci.
Papan kang endah kuwi pancen sajak trep kanggo panggonan para wisata kang pengin ngenggar-enggar manah.
Komentar
Posting Komentar