WULAN RAMADHAN 1440 H



Wulan Ramadhan tumraping para kaum muslim, minangka wulan kang agung lan kebak berkahing Gusti Allah. Lumrahe kabeh sedulur muslim padha seneng mapag tekane wulan kang suci. Anggone mapag wulan poso kuwi akehe maneka warna. Ana kang reresik omah, reresik penganggon kang mengkone dienggo ngibadah shalat sajroning sewulan muput. Kejaba kuwi uga nganakake gugur gunug ngresike papan panggonan kang kanggo ngibadah antarane: mesjid, langgar, musholla, surau, lan ana uga kang migunakake salah saeijing ruangan tartamtu ing perkantoran, hotel lan penginapan mung kanggo panggonan ngibadah sakjroning wulan Ramadhan.

Jan-jane kang luwih wigati yaiku ngresiki sesuker ing badanne. Mula ana kang nindakake lelaku adus gedhe, utawa bisa diarani laku padusan ing panggonan tartamtu. Kabeh mau duwe pangajab bisa resik lahir lan batine kanggo nindaki laku ngibadah ing wulan Ramadhan, tulus ing widada, istiqomah lan tansah pikantuk berkahing Gusti Allah.

Tumraping para ibu, anggone mapag wulan suci malah tan saya mremet banget. Amarga kudu bisa ngatur mlebu metune dhuwit blanjan. Durung mengkone kudu nyiapake daftar menu masakan saben dinane supaya bisa maremake para putrane lan garwane anggone nindakake ngibadah.
Beda maneh para kadang muslim kang lagi entuk ganjaran kurang sehat awake. Mula kudu bisa njaga badane supaya bisa tetap sehat, dhaya tahan tubuh kudu tansah stabil, sanadyan kudu nyiriki dhaharan kang bisa ndadekake sulaya. Kabeh mau dilakoni merga kepengin ngibadahe bisa lancar, lan istiqomah.

Wulan Ramadhan bisa kaaran wulan berkah, kabeh tumindak laku ibadah bakal pikantuk ganjaran kang tikel tekuk. Mula ora mokal yen sedulur muslim padha seneng nindakake amalan ibadah, arupa nglakone poso, ngekeh-akehake sholat, lan seneng sedhekah, ngamal jariyah arupa dhuwit, ana uga kang seneng menehi dhaharan kanggo sedulur muslim kang durung mapan.

Kanggo ngawekani sedulur muslim kang seneng sedhekah, ana saperangan pengurus mushola lan mesjid kang ngedum celengan ing sakiwa tengene panggonan ngibadah. Celengan mau diedum sakdurunge tanggal 1 Ramadhan, lan bakal diklumpukke maneh sawise wulan poso rampung, utawa ing wengine dina riyaya. Kabeh celengan dipecah, dietung cacahing dhuwit. Nggumunake, sawise dietung, cacahing dhuwit amal tikel lima yen dibandhingke dhuwit amal saben dinane.

Kejaba ngibadah poso, shalat, lan sedhekah, ana uga amalan ibadah kang lumrah dilakoni ing wulan Ramadhan, yaiku ngangsu kawruh agama. Mula ing wulan iki akeh kang nganakake pengajian. Arupa kultum (kuliah tujuh menit), kuliah subuh, pesantren kilat lan liya-liyane. Amarga jaman wis maju, teknologi uga bisa diarani wis canggih, mula para sedulur muslim yen kepengin ngaji ora kudu nglurug ing pesantren, nanging cukup lungguh ing panggonane dhewe-dhewe. Bisa mirengke televisi, radio, bisa mbukak face book, instagram, WA. Yen kepengin bisa mirsani pengajian langsung bisa mbukak you tube streaming.

Sing luwih wigati Ramadhan 1440 H, mbarengi purnaning gawe negara kang gedhe yaitu anane pesta demokrasi pilihan presiden, lan wakil rakyat. Sing sak durunge gawe mau, akeh sedulur sak kringkelan padha regejegan, rebut dhucung. Mula ing wulan poso iki kaya wis trep yen digunakake kanggo nyambung maneh tali silaturahmi. Bali kumpul, kanggo mulyaning nagari.



Batang, 6 Mei 2019

Komentar

Postingan Populer