Wisudha Siswa SMP
Pancen jaman wis beda.
Apa iki sing diarani obah-moseking kahanan?
Jaman mbiyen, siswa-siswa sing wis ngrampungke pasinaon ing pawiyatan SD, SMP, SMA, lumrahe dianakake kegiyatan perpisahan, utawa pamitan. Perpisahan kuwi ana sing dianakake climen, nanging ana uga kang nganakake kanthi gedhen, meh kaya pesta.
Kegiyatan iki minangka wujud syukur anggone sinau amarga kaparingan lancar lan lulus ngrampungke anggone sekolah. Mula ana ing acara kuwi biasane saka pihak sekolah arep masrahake maneh para siswa marang wong tuwane.
Nanging saiki kegiyatan kuwi wis dibungkus kanthi edi endah, kanthi mawa sesebutan wisudha. Pancen rada aneh yen kepireng ukara wisudha siswa SMP utawa SMA. Sesebutan wisudha kang lumrah ana ing pawiyatan dhuwur, perguruan tinggi, utawa lumrah uga kanggo sesebutan ngangkat derajat kepangkatan lan jabatan. Pancen menawa jaman wis owah, saiki siswa SMP, lan SMA wis lumrah kawisudha.
Luwih aneh maneh yen para siswa Taman Pendidikan Quran (TPQ), yen rampung anggone sinau ing pawiyatan kono mesthi kawisudha meh padha karo para mahasiswa ing perguruan tinggi. Amarga lumrahe sakdurunge kawisudha diarak nganggo tetabuhan drumband mubeng desa, regeng banget. Kejaba kuwi para siswa kang kawisudha padha nganggo penganggon toga, yaiku penganggon meh padha jubah lan topi wujud kothak kalungan samir, kang biasa dienggo para mahasiswa. Aneh maneh yen pimpinan pawiyatan TPQ saiki biasa sinebut kanthi sesebutan dhirektur.
Apa mengko siswa SD uga kawisudha?
Jaman saya maju, budaya saya ngrembaka, asiling pikir manungsa uga saya ndakik-ndakik.
Mula aja sok kagetan, aja sok gumunan. Sing penting eling lan waspada
Batang, 2 Mei 2019
Komentar
Posting Komentar