WANGUNAN MESJID KUNO
Mesjid yaiku panggonan kanggo ngibadah tumraping para muslim. Sakliyane kanggo manembah marang Gusti Allah, mesjid uga kanggo mulang babagan agama Islam, panggonan kanggo nyebarake agama, lan uga kanggo papan parembugan ngenani kemajuwane negara.
Jaman kepungkur, priyayi kang dadi tokohing agama, uga duwe kawibawan merga kejaba sugih ngilmu, duwe pangkat, drajat minangka jejering pangeran utawa panguwasa salah sijining wewengkon krajan. Dadi kejaba kinaran ulama uga sinebut umarok utawa panguwasa negara. Mula umume wewangunan mesjid manggon ing sak kiwa tengene kraton. Wewangunane uga rinengga edi, endah, kuwat, lan mesthine nganggo wragat kang ora sethitik.
Wewangunan mesjid tumraping ing tanah jawa, lumrahe payone rinengga telung trap, utawa telung undhakan.
Mesjid dibangun luwih dhuwur, jembar, gedhe, lan amba amarga duwe pangajab supaya bisa kanggo kumpul sedulur muslim kang cacahe ora mung puluhan, atusan yen bisa kanggo ngumpulke wong kang cacahe ewonan.
Diwangun luwih dhuwur ngungkuli dhuwure omah utawa kraton, amarga bisa kanggo mbedakake antarane wewangunan liya-liyane. Kanggo nengeri, gampang anggone niteni. Lan sing wigati, wewangunan rinegga dhuwur, minangka simbol manembah Pengeran kang Agung.
Wewangunan trap-trapan telu kuwi, yen digathukake karo wangunan panggonan ngibadah agama sakdurunge Islam, yokuwi Hindu lan Budha meh padha karo wewangunan Meru ing Bali.
Wewangunan Meru trap-trapane ana sanga. Kanggo mbedakake, mula trap-trapane ana mung telu. Kanthi sesingklon telung tingkataning ngelmu luhur. Yokuwi ngelmu Iman, Islam lan Ikhsan.
Trap kang paling ngisor dhewe luwih amba lan jembar amarga supaya bisa nyangga wewangunan ing ndhuwure. Uga nduweni teges, umume kang nduweni rasa iman lan percaya Pengeran kang nguwasani jagad kuwi akeh cacahe. Nanging ora kabeh kang percaya ananing Pangeran kuwi ngrasuk agama Islam. Mula dilambangake trap ing dhuwure kang luwih cilik, kang nglambangake sedulur Islam kang cacahe winates, durung kabeh wong iman ngrasuk Islam.
Dene wewangunan kang dhuwur dhewe luwih cilik, minangka pralambang yen ora kabeh sedulur Islam bisa nduweni ngelmu Ikhsan minangka ngelmu agama kang tatarane luwih dhuwur.
Batang, 14 Mei 2019
Komentar
Posting Komentar