TITIP
Wis ngancik limang warsa nggonku nitipke
Kalbu kang wening, nggayuh impen aji
Padha karep, padha rasa, karsa, lan jangka
Ora ana rasa angel lan amrat tumrapmu
Lumingsiring surya, pratandha gantining carita
Siyang ganti ratri, ati bungah dadi buneg
Kabeh dalan padha katutup pedhut peteng
Kusumaning tyas murca tanpa labet
Aja kok mung nyawang, apa maneh adu aruh
Sisaning tilas, sumrebete aruming ganda mukswa
Aku ora lila, aku isih duwe pangarep arep
apa kang wis daktitipke tetep takgondheli
jiwa, rasa, pangalembana, antebing kalbu
tetap kumanthil kanthil, aku ora bisa cidra.
Batang, 9 April 2019
Komentar
Posting Komentar