SETITI NGATI-ATI


Cathetan Dina Rebu, 24 April 2019

Kabeh pakaryan, kabeh tumindak, kabeh tindak lampah, kudu sesangu rasa setiti ngati-ati. Aja nganti grusa-grusu apa maneh nganti lena.

Nyabrang dalan sing biasane ngati-ati lan permati, dina iki aku ora nyana ana sepedah onthel sing bisa nyruduk sepeda montor sing tak tumpaki. Apa saka mburi. Apa saka arah wetan.
Sing jelas nganti arep tiba ning tengah ndalan. Bapak sing numpak sepeda onthel, akhire nyabrang, ora tiba, yo tetap neruske laku anggone tindak.

Aku dhewe langsung nggebrit ngulon

Apa dadine yen nganti tiba bareng lan saka wetan ana kendaraan roda papat?




Mula kudu waspada.

Komentar

Postingan Populer