PENGETAN AMBAL WARSA
Pengetan ambal warsa Kabupaten Batang tahun iki rada beda. Peserta upacara ana ing alun-alun, tumpraping Kepala SD mung sing ana wewengkon Kecamatan Batang. Kepala SMP/MTs., SMA, Aliyah, SMK se Kabupaten Batang kabeh melu, kabeh unsur Korpinda uga melu upacara pengetan Kembalinya Kabupaten Batang.
Miturut sejarah, Kabupaten Batang sakbenere wis ana kawit jaman kuna makuna. Akeh punggawa lan pangarsa kang mimpin Kabupaten Batang. Ana kang nyebut anane Pangeran Batang, Pangeran Alit, Pangeran Adipati Mandurorejo, nganti tumekane Raden Bahurekso.
Mlebu ing jaman penjajahan, Kabupaten Batang digabungke dadi siji karo Kabupaten Pekalongan.
Sakwise jamane wis merdeka, para punggawa, para sesepuh, lan para tokoh masyarakat, ngusulke marang pemerintah pusat, supaya Kabupaten Batang madeg dhewe, pisah saka kabupaten Batang.
Sanadyan rada beda karo tahun sakdurunge, pengetan ambal warsa tahun iki uga isih tetep nganakake kirab budaya lan kirap pusaka.
Salah sijine pusaka piandele Kabupaten Batang yaiku Kanjeng Kyai Tombak Abirawa.
Suwasana upaca pengetan ambal warsa tahun2019
Komentar
Posting Komentar