PEMILU SERENTAK

Pemilu Serentak Rebu, 17 April 2019




Tahun iki ing negara kita Indonesia dianakake Pemilu Serentak. Milih calon Presiden, calon DPD RI, calon DPR RI, calon DPRD Provinsi, lan calon DPRD Kabupaten/Kota. Umpama dirasa, rasane mung milih presiden. Pilihan liyane rasane kurang ana gregete. Pemilih sing durung jelas lan gamblang, ngrasakke rada bingung, amarga akeh pilihan. Mula ora mokal yen akeh surat suara sing muspra amarga ora digunaake kanthi becik. 

Kanggone petugas KPPS, pemilu serentak butuh wektu kang dawa lan tenaga ekstra, amarga garapane luwih akeh. Anggota KPPS sing lumrahe para guru, karyawan, lan ASN liyane, wektu iki Kemis, 18 April 2019, akeh sing ora makarya kanthi alasan amarga isih ngrasakke lungrah, ngantuk, lan kurang sehat.

Kabeh mau muga dadi kawigaten tumraping bebrayan, wigatine kawigatening pamarentah.

Komentar

Postingan Populer