KORBAN PEMILU 2019



Jumlah korban Ketua KPPS ana 667 wong, 119 wong seda, 548 wong nandang lara lan opname ing rumah sakit.
Miturut anggota Bawaslu, Fritz Edward Siregar, ngandhakke wis ana 33 anggota panitia pengawas pemilu sing seda sajroning nindakake tugase.
Kejaba Petugas KPPS, lan Pengawas Pemilu, ana 15 petugas Polri sing uga seda sajroning nindakake tugas ngamanke Pemilu. (Suara Merdeka, 24 April 2019)

Pancen yen dinalar, Pemilu tahun iki tugase saya tambah akeh. Kudu ngetung cacahing kartu suara sajroning limang kothak surat suara. Ananging sing nandangi utawa sing dadi petugas mung ana pitu.

Petugas KPPS sing cacahe pitu kuwi wis lumaku kawit jaman pemilu tahun 1999, sing beban gaweane ora akeh kaya pemilu tahun iki. Kudune yen gaweyane tambah mula petugase uga ditambah. Yen kok nganti dipeksa kudu nindaki tugas KPPS, mula ora mokal yen wekasane ndadekke korban kang ora sithik.

Kabeh petugas mau lila ngorbanke jiwa lan ragane kanthi lelambaran mituhu dhawuhing pamarentah lan ngabekti marang negara. Pancen sing sedo sajroning tugas ing pemilu mengko bakal diparingi santunan, pangkate didhuwurke, lan pikantuk pangeram-eram kanthi jejuluk Pahlawan Demokrasi, nanging kabeh mau kudu dadi pangeling-eling sakehing bebrayan agung.

Nuwun.




Batang, 24 April 2019

Komentar

Postingan Populer