Dina lan Pasaran Sedulur Tunggal Biyung



Critane Mbah Darmo Golo
Miturut dongenging para sepuh, jaman semana ana crita lelakone Rara Sumo kelawan Respati. Kekarone jejering keluarga kang wis nduweni putra cacahing ana lima. Putra-putrane mau diparingi asma Tumpak, Ditte, Anggara, Budda, lan Sukra. Yen ditambah karo bapak lan biyunge cacahe dadi pitu yakuwi kang arane dina mula cacahe dina uga pitu.
Ing salah sawijining dina, Respati lelana. Anggone lelana tumeka ing tengah alas gung liwang-liwung. Ing papan kono Respati krungu suwaraning wong nangis. Sak wuse ditilang-tiling, Respati nyedhaki sumbering suwara tangis kuwi mau. Banget kagete amarga sing nangis jebule wong wadon.
"Kowe kok nangis ning tengah alas dhewekan ora ana kancane, kena ngapa kowe ha?" pitakone marang wong wadon mau.
"Pangapunten mas, kula dibedhag-bedhag kaliyan Nagacandhala. Kula diruda peksa kapurih ngladosi piyambake. Kula badhe didadoske garwa. Kula mboten purun, pramila kula mlajar wonten tengahing wana", semaure wong wadon kuwi.
"Sapa jenengmu? lan sapa sing kumawani kepengin ngrudapeksa marang kowe?" Respati takon maneh.
"Jeneng kula Basundari, ingkang badhe nggarwa kula asmane Nagacandhala" kandhane Basundari karo mingseg-mingseg". "Mula, kula nyuwun tulung supaya Nagacandhala panjenengan pijahi kemawon", penjalukke Basundari.
"Ya, yen mengkono aku arep nulungi kowe. Aku gelem mateni Nagacandala yen kowe uga gelem dadi bojoku!" kandhane Respati.

Ora let suwe Nagacandhala tumeka ana ing papan kono. Singkate crita, Respati lan Nagacandala padha adu perang.
Nagacandhala kalah lan bisa dipateni dening Respati. Jisiming Nagacandhala dibuang ngetan. Sakdurunge Nagacandhala tumekaning pati, dheweke paring sesumbar marang Basundari.
"Yoh, Basundari. Aku Nagadina ya panjelmane Nagacandhala, ning ngendi wae papan dunungmu bakal tak uber", sesumbare Nagacandhala ya Si Nagadina.

Saksuwene lelana Respati ora paring kabar marang bojo tuwane Rara Sumo. Mula Rara Sumo, nggoleki dununge bojone anggone lelana.
Sakwuse suwe anggone nggolekki, Rara Sumo bisa nusul papan dununge bojone mae. Jebul Respati wus duwe bojo maneh, yaiku Basundari kang wus mutra papat, lan uga isih ngandhut.
Rara Sumo duka, bakal mateni Basundari.
"Aku ngaku salah mbak Yu, merga aku ora ngerti yen Respati kuwi wis duwe garwa. Merga maune ngaku yen durung duwe bojo. Lan aku uga gelem mbok pateni yen bocah sing isih tak kandhut iki wis lahir. Mengko yen aku wus mbok pateni aku uga titip anak-anakku tulung openana", cature Basundari marang Rara Sumo.
Sakbanjure Basundari kelakon dipateni Rara Sumo, kanthi ninggal anak lima cacahe yaiku Manis, Jenar, Palguna, Cemengan, lan Kasih.
Jisime Basundari dibuwang ngalor ngulon, kesangsang ing wit jati. Jatine mati. Mula ila-ilane yen duwe anak mbarep lanang aja dikawinke wong wadon sing papan dununge ngalor ngulon. Kuwi marani kubure mbah Basundari.
Miturut dongeng, antarane dina lan pasaran kuwi sedulur tunggal bapak. Ora kena kanggo bebojoan, ning sak jroning selapan dina, antarane sedulur mau padha sanja, padha dolan. Tuladhane, Anggara bisa dolan karo Kasih, kang aran Anggara Kasih ya dina Selasa Kliwon.

Semanten.



Batang, 21 April 2019




Komentar

Postingan Populer