Bocah Milenial

BOCAH MILENIAL


Ora kabeh wong tuwa ngerti yen putrane kang lagi lahir mengko dadi muride media sosial. Wong tuwa akeh sing ora nglegewa yen bocah wis dadi kawulane gadget bakal pinter nanging suda rasa pangerten.

Kawit bayi wis seneng dolanan HP, seneng nyawang gambar sing apik lan maneka rupa uga maneka warna. Seneng ngrungokake gadget sing nyuguhke maneka warna tembang lan lagu.

Nanging, apa ora ngerti yen bocah seneng dolanan HP, main game, fisik (awakke) ora bisa obah, anteng. Akibate awak dadi kurang sehat lan gampang lara merga kurang aktivitas.

Mripat kekuwatane uga winates. Yen nyawang HP, gadget, tablet terus-terusan uga bakal kesel, akibate malah dadi bisa wuta.

Kawruh lan pengaruh HP, internet ora kabeh apik. Yen ora bisa nyaring, milah lan milih, tembe mburi mesthi bakal cilaka. Bocah ora manut dhawuhing wong tuwa, luwih mituhu printahe gadget.

Mula kudu waspada.

Bocah sing ning video kuwi, salah sijine bocah sekolah sing wis rada angel ditata. Srawunge karo kanca sing ora sak baenne. Seneng dolanan gadget. Mula dadi angel yen didhidhik. Jan-jane diprentah melu ujian sing apik kareben antuk biji kang dhuwur lan bisa lulus kanthi becik. 

Nyuwun pandonga muga bocah kuwi bisa ngowahi pakulinan sing ala. Lan dadi bocah kang mituhu guru, lan wong tuwa. Migunani tumraping agama, wong tuwa, bangsa lan negara.







Batang, 13 April 2019





Komentar

Postingan Populer