L U P U T
Seneng pengin ngerti luputing liyan
Seneng golek luputing liyan
Seneng mbukak wadining liyan
Seneng nyawang yen liyan kawirangan
Rumangsa bener ning adoh saka pepener
Rumangsa kasil ning saka asiling liyan
Rumangsa cukup ning karana dicukupi liyan
Rumangsa onjo marga liyan kapeksa nutupi wadi
Wong urip sesandhangan luput
Kaluputan kang disengaja
Kaluputan amarga lali
Kaluputan amarga durung ngerti
Ciliking luput bisa disepura
Gedhene luput bisa kapidana
Mula kabeh janma ora kena kumalungkung
Wong becik durung mesthi pancen bener-bener becik
Wong becik amarga Gusti nutupi alaning dhewe
Tumindak laku utama, bener, pener nggo drajating dhiri
Batang, 10 April 2019
Komentar
Posting Komentar