Aja Turu Sore Kaki




Hasil gambar untuk gambar orang berdoa

Sapa gelem ngurangi turu, bakal ngundhuh kanugrahan lan kamulyan.
Gelem tansah ngulir budi, manekung, memuja lan memuji, kepareg marang Gusti
Dewa nganglang jagad goleki kawulane kang isih sumuyud sujud
Sandang lan pangan kaparingna tumraping wong kang sabar narimo.

Jaman kuwalik
akeh kawula kang seneng dolan bengi, akeh janma wegah turu sore
Ganjel mripat arupa dolanan kang bisa ngrusak akhlak lan raga
Mripat dipeksa melolok, ndelok tontonan ora mmbejaji
Raga anteng, ning jan-jane ora semedi
Raga pegel, kurang srawung lan olah raga

Mula,
Ayo padha ngowahi adat
Semedi yen wanci bengi
Dolanan padha didohi

Nyenyuwun kanugrahaning Gusti
Tansah dituduhke dalan bebener
Cumepak cepak sandang lan pangan
Sinandhangan kabegjan lan kamulyan










Batang, 12 April 2019

Komentar

Postingan Populer