MINGGON JATINAN
Dina minggu iki, 13 Januari 2019 sengaja tak legakke melu ngramekake pasar minggon ing Hutan Kota Rajawali Batang. Hutan kota iki jan-jane wis rada suwe umure, mula wit-wit jati sing katandur ing papan kono rada gedhe, hawane seger, eyup katutup godhong-godhong sing ngrembuyung.
Hutan kota kang dumunung ing sakulone alun-alun kota, mapan ing pinggire dalan Pantura. Mula gampang dititeni kabeh wong sing kebeneran liwat Pantura, sing saka Jakarta utawa saka Surabaya.
Pasar Minggon Jatinan iki diresmekake dening Bapati Batang Wihaji rikala tanggal 22 April 2018. Sanadyan umure udakara isih wolung wulan, sing blanja saya suwe saya tambah akeh. Sing blanja ora mung masyarakat Batang nanging akeh sing teka njaban rangkah. merga papane ana ing pingir Pantura.
Elokke kabeh bakul sing dodolan ing papan kono ora ana sing mbungkus pangannane nganggo plastik. Kabeh panganan ditata edi peni, bungkuse nganggo godhong. Sing bakul es, olehe ngedolli nganggo bathok utawa mangkok grabah.
Blanjane ora diwadhahi plastik gedhe, nanging nganggo kranjang cilik digawe saka pring.
Maneka warna jajanan tradisional sing didhasarke ana pasar Minggon Jatinan. Ana lopis, sega pecel, sega megana, sega rames. Jajanan wedang rondhe, kolak waluh, es pudhing kolang-kaling, bubur sungsum, srabi kalibeluk, gulali lan liya-liyane. Nanging uga ana sing dodol kembang,anggrek, lan jamu tradisional.
Sing dadi kawigaten tumraping para pengunjung yaiku olehe blanja ora entuk nganggo dhuwit rupiah, nanging kudu nganggo kreweng (wingko). Saben sak kreweng regane rong ewu rupiah.
Komentar
Posting Komentar