ILANG GAPITE
Tatanan baku minangka teken
Teken mung gaweaning manungsa
Manungsa kang kurang wening ing pikir
Mikir werna-werna, pungkasane mung nuruti nepsu.
Mula tatanan mau mung kang kanggo awakmu
Tatanan minangka teken kudu bakoh
Teken kang bakoh kudu pener
Teken kang pener murakabi bebrayan
Nanging, ...
Tatanan kang mbliyur, ngrusak katentreman.
Tatanan kang mbliyur sengaja digawe ngaluhur
Mung kanggo dalan
Mula wis dadi ombyake jaman
Para ngaluhur ilang kawibawane
Meh padha wayang ilang gapite
Seneng ngendikan kang ora tumata
Adoh saka bebener lan patuladhan.
Seneng ngendikan kang ora tumata
Adoh saka bebener lan patuladhan.
Batang, 11 Maret 2018
Komentar
Posting Komentar