Wulan Ramadhan
Wulan Ramadhan
Wulan kang disenengi tumrap wong kang mukmin
amarga wulan kang kebak ganjaran lan akeh pangapura
wulan kang sugih kanugrahaning Gusti
nyapih sakehing kadurjanan
Nanging, tumrap wong kafir
wulan kang kebak larangan lan pantangan
wulan pakunjaran sakehing nepsu maksiat
wulan pamekaking laku bungah para pramunikmat
Nadyan mung sawulan
bisa dadi jamu lawase setahun
nadyan mung sewulan
bisa dadi paesing tahun
Ramadhan akeh gawe crita
para punggawa, kawula padha siyaga
celengan asile kerja setahun dadi boreg
kabeh barang pangan kudu tinuku
mula pantes dagangan salin rega
Ramadhan akeh gawe crita
para kecu akeh sing tobat
para koruptor padha istigfar
muga kabeh dosa kaluputan bisa kalebur
1438 H
Wulan kang disenengi tumrap wong kang mukmin
amarga wulan kang kebak ganjaran lan akeh pangapura
wulan kang sugih kanugrahaning Gusti
nyapih sakehing kadurjanan
Nanging, tumrap wong kafir
wulan kang kebak larangan lan pantangan
wulan pakunjaran sakehing nepsu maksiat
wulan pamekaking laku bungah para pramunikmat
Nadyan mung sawulan
bisa dadi jamu lawase setahun
nadyan mung sewulan
bisa dadi paesing tahun
Ramadhan akeh gawe crita
para punggawa, kawula padha siyaga
celengan asile kerja setahun dadi boreg
kabeh barang pangan kudu tinuku
mula pantes dagangan salin rega
Ramadhan akeh gawe crita
para kecu akeh sing tobat
para koruptor padha istigfar
muga kabeh dosa kaluputan bisa kalebur
1438 H
Komentar
Posting Komentar