Prasasti Sojomerto

Prasasti Sojomerto
                Prasasti Sojomerto dumunung ana ing Desa Sojomerto Kecamatan Reban Kabupaten Batang.  Adohe saka Kutha Batang udakara 35 km.
Prasasti kuwi awujud watu dhuwure 78 cm, kandele 7 cm, lan dawane 43 cm.  Prasasti kang ditemokake nalika tahun 1940 karumat kanthi prasaja ing bangunan cungkup joglo ukuran 2 meter persegi.
Miturut pangandikane Prof. Drs. Boechari, ngandharake yen prasasti Sojomerto minangka warisan sejarah Kerajaan Mataram Hindu abad 7-10 M.  Cacahe tulisan ana 11 baris.

  1.....ryayon cri sata
2.  ....... a koti
3. ..... namah ccivaya
4. Bhatara paramecva
5. Ra sarvva daivaku samyah hiya
6. ... mih inan  .. is ... anda dapu
7. Nta salendra nama santanu
8. Namanda bapanda bhadravati
9. Namandan ayanda sampula
10.  Namanda vininda salendra nama
11.  mamagappasar lempewangih

Ana sing duwe panemu menawa nenek moyang mbiyen mlebu ing tanah Jawa saka pesisir lor, mula ora mokal yen prasasti ing ditemokake ing pesisir lor akeh-akehe umure luwih tuwa, katimbang prasasti-prasasti ing tlatah  Jawa perengan kidul. Semono uga wangunan-wangunan candhi. Tuladhane, wangunan candhi ing tlatah Dhieng, Banjarnegara umure luwih tuwa katimbang candhi Borobudhur, Magelang. Katitik saka asiling seni gambar ukiran candhi. 

Komentar

Postingan Populer