Pedhut Lelimengan
Cathetan
Kahanan 2016/2017
PEMUT
(Sastra Lelana)
Pedhut nggameng gumandhul ing wiyati
sajak durung bisa sumilak yen durung ana maruta kandha aji. Ing bantala para
kawula pada bingung golek teken, semono uga para punggawa praja padha iwut nggoleki
kaluputan liyan.
Wis
wancine padha emut lan mawas dhiri supaya kahanan iki enggal dipungkasi. Para
leluhur maringi sangu aji, jimat paripih ing Serat Tripama (tembang
Dhandhanggula).
Katri mangka sudarmaning jawi
Pantes sagung kang para prawira
Amirida sakadare
Itung lelabuhanipun
Ajwa kongsi buang palupi
Menawa sibeng nista
Ing estinipun
Senadyan sekadhing buda
Tan prabeda budi panduming dumadi
Marsudi ing kotaman
Ing
tembang mau ngemutake marang sira kabeh tumpraping wong Jawa lan kawula Nuswantara,
padha niru dalan kang bener ngabdi lan ngawula mring negara. Para punggawa
praja aja pati-pati mbuwang patuladhan adi, pungkasane kajlungub ana ing jurang
kanisthan.
Kawula
kabeh kudu andarbeni tekad ngabdi lan mbebela bumi kelahirane. Sadumuk bathuk
sanyari bumi, rawe-rawe rantas, malang-malang putung, melu handarbeni, melu
hangrukebi, mulat sarira hangrasa wani. Adohna saka sipat nabuh nyilih tangan, apa
maneh rebut balung tanpa isi.
Kapentingan
bangsa lan negara luwih utawa katimbang kapentingan dhiri pribadhi lan golongan.
Mung marga mbebela persatuane bangsa, kita kudu lila ngorbanake bandha, jiwa
lan raga.
Komentar
Posting Komentar