OPO TUMON?

MAYANG

Ing salah sawijining dina, Pak Guru Parjo mulang kelas V SD Negeri Klidang Lor Kecamatan Batang.
Wektu tahun 80-an pak guru sing asline saka Sragen ditugaske ning Batang, mulang kelas V sekolah dasar. Supaya bisa ngraketake lan ngerti kahanan keluargane para siswane, Pak Parjo takon marang bocah-bocah.
Pitakonne:
Pak Parjo: " Casno, bapakmu jenenge sapa? nyambut gawene apa?
Casno     : " Namine Castro pak, nyambut gawene mayang"
Pak Parjo: " Saiki kowe Caswitri, bapakmu pegaweane apa?
Caswitri  : " Mayang, pak guru".
Pak Parjo: "Yen bapakmu pegaweane apa, Sri?
Sriatun    : "Sami, mayang pak guru"
Lan sakteruse, pak guru takon pegaweane wong tuwane bocah-bocah sakelas. Lumrahe padha njawab mayang. Pak Guru Parja ngungun, lan ngunjal ambegan, rada bingung, sarta gumun.
Pak guru mau mlebu ing ruang guru lan matur marang kancane sing asmane Pak Casmadi asli wong Batang.
Pak Parjo: " Pak Casmadi, aku kok gumun. Saben-saben bocah sing daktakoni pegaweane wong tuwane, kok lumrahe padha njawab mayang. Berarti pendhudhuk desa kene akeh sing duwe wayang, banjur tanggapan ning ngendi wae?"
Pak Casmadi: "Oalah pak, mayang kuwi tegese dadi nelayan, tukang njaring lan mancing iwak.
Pak Parjo  : "Ooo, ......aku ngertine mayang kuwi nyambut gawene dadi dhalang.
Opo tumon? mayang kok diarane ndhalang.

Komentar

Postingan Populer