Japamantra

Japa sami kaliyan mantra, dados tembung saroja, ateges donga utawi rapal. Ukara isi panggugah, sarana dipun melaken utawi dipun watak.
a. Donga balik, kangge mangsulaken pandamel awon
  1. Yamaraja jayamara
  2. Yamarani niramaya
  3. Yasilapa palasiya
  4. Yamidara radamiya
  5. Yamidasa sadamiya
  6. Yadayuda dayudaya
  7. Yasiyaca cayasiya
  8. Yasihama mahasiya
b. Kangge nebihaken sesakit lan sakpanunggalipun
   Dhandhanggula:
   Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilahi kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunane wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan wani perak ing kami, kemat duduk pan sirna. (Serat Kidungan)

c. Kangge ngeneng-ngeneng lare bayi rewel
    Kinanthi:

    Pitik tulak pitik tukung, tetulake jabang bayi, ngedohake cacing racak, sarap sawane sumingkir, situkung mangungkung ngarsa, situlak bali ing margi.

d. Kangge njagi tiyang sakit
    Pangkur:
    Singgah-singgah kala singgah, para suminggah durga kala sumingkir, singa ana sing awukul, sing asuku asirah, sing atenggak lawan kala sing abuntut, padha sira suminggaha, muliha mring asalneki.
     Aji sirep begananda:
    Hong wilaheng. Niyatingsun matak ajiku, aji sirep Begananda, aji patinggengan saka Ajisaka, sing sapa katiban jim setan peri prayangan padha mati, aja maneh asipat janma manungsa, oraa mati ambleg sek turune kaya mati, ora pisan-pisan tangi yen aku durung ........... (manut sapikajenganipun).
     Dhalang, dhukun, empu, lan sapanunggalipun sami gadhah mantra. Cakipun boten sami manut kabetahanipun.
      Wonten ugi ingkang alambaran "laku". Malah laku punika ingkang awrat.


Sumber: Paramasastra, Kasusantran, tuwin Kawruh Basa, untuk SPG, KPG
       

Komentar

Postingan Populer