Anakku
Muga aja dadi atimu anakku
Ibumu wus rumangsa rampung
Mampir lan ngiup,
ngopeni lan nggulawenthah
ngudang lan ngidham-ngidham
Saksuwene aku lan sliramu urip bareng
aku rumangsa seneng bisa nyenengke liyan
nyenengke marang wong kang dak tresnani
ning emane kabeh mung lahire
Sakwuse tutug nggonku nyenengke liyan
Kaya wis titi wancine
aku mbukak wadi
aku pengin nyenengke awakku dhewe
Aku pengin uwal saka tali geni
kang naleni batinku sakjronig bebrayan
Muga aja dadi atimu
Ibumu kudu metu saka panggonan pangiupan
Aku njaluk ngapura
muga gegayuhanmu bisa kasembadan
pangestuku tansah lumintu
donga dinonga,
thole anakku lanang dhewe
28 Febreuari 2017
Komentar
Posting Komentar