SESORAH
SESORAH
SEMANGAT
NILAI-NILAI PERJUANGAN
Dening:
Sastra Lelana
Assalamualaikum
wr. Wb.
Ngarsanipun para sepuh ingkang kinurmatan.
Para bapak saha para ibu pengembating praja Kadipaten Batang,
ingkang tansah kawula dherekaken punapa ingkang dados aturan-aturanipun.
Panjenenganipun para juri ingkang kula kurmati, para bapak saha ibu
peserta lomba utawi sayembara sesorah pidhato basa jawi, ingkang tansah kawula
tresnani.
Sakderengipun
kawula matur wonten ing ngarsa panjenengan sami, sesarengan mangga kawula
dherekaken nyaosaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun
kepareng paring pinten-pinten rohmat lan hidayahipun ingkang arupi kesarasan,
panjang umur, lan ugi kasempatan, saengga kula lan panjenengan saget
pepanggihan kanthi wilujeng, mboten manggihi alangan satunggal punapa-punapa
saperlu ndherek nguri-uri budaya jawi inggih punika lomba utawi sayembara
sesorah basa jawi.
Solawat lan salam
mugi konjuk wonten ing ngarsanipun junjungan nabi agung Muhammad Rosulullah
SAW. Mugi kula lan panjenengan tansah pikantuk safaat lan pitulunganipun
mbenjang wonten ing ngalam akherat. Amin.
Bapak saha ibu
dewan juri lan sedayanipun para lenggah ingkang minulya.
Keparenga kula nami Sastra Lelana, badhe matur wonten ngarsa
panjenengan, bab ngenani semangat nilai-nilai perjuangan.
Semangat
nilai-nilai perjuangan utawi patuladhan sikap lan perilaku para pejuang jaman
rumiyin, katingal lan karaos saya dangu tan saya luntur. Saya dangu tan saya
katilep saking gebyaring jaman sak mangke. Katitik wekdal sak menika para
kaneman lan ugi kathah tiyang ingkang
nerak lan nrajang aturan utawi paugeran ingkang gumathok.
Aturan lan tatanan
negari kita ingkang awujud Pancasila, wekdal sakmangke kados-kados ketingal namung
simbol kemawon. Pancasila nun inggih minangka dhasaring negari punika samangke
saged dipun etang gunggunging tiyang ingkang sami nglampahi lan ugi ngamalaken
isi lan kekandhutanipun Pancasila kala wau. Kathah warga lan rakyat ing negari
Indonesia punika tindak- tandukipun.sami kemajon. Nrajang paugeran lan tatanan
becik, remen kaliyan tindak lampahipun bangsa manca.
Rasa kamanungsan
sesamining gesang sampun karaos tipis sanget. Kathah kedadosan paten-pinatenan
antawisipun sesamining gesang. Pradondi rajapati sajak sampun limrah kapireng
saben dinten. Nggih nopo pak?
Kathah lare ingkang tega nyedani tiyang sepuh. Kosok baline, kathah
tiyang sepuh ingkang tega mrejaya lan mbucal larenipun piyambak.
Kathah tiyang tega ngapusi batire dhewek. Perbuatan korupsi pejabat
tinggi, ngantos pejabat rendhahan, kados-kados lumrah sami nglampahi.
Mangga kita tansah emut dhawuhing tiyang sepuh duk ing nguni. “Aja
sok kepengin barang kang melok, merga selak kepengin muluk”.
Tiyang sepuh sami wanti-wanti, aja sok kepengin mangan lan melik
barang liyan punapa malih dhuwite rakyat, mung merga kepengin engal-enggal dadi
wong sugih.
Wong cilik ingkang
kedahipun dipun ayomi lan dilindhungi
hak-hakipun malah dipun kebiri, lan dipun rampas.
Mangga kita kedah emut dhateng patuladhan lan conto saking Bapak
Bupati Batang, nun inggih Bapak Yoyok Rio Sudibyo. Panjenenganipun sampun
kathah perjuanganipun dhateng warganipun. Tegas anggenipun mimpin lan mbrastha
koruptor. Dana kang kanggo nyekapi kabetahanipun lan hak-hakipun rakyat, tansah
dipun etang kanthi premati, nyegah supados mboten bocor ing tengah margi.
Dados pejabat
publik mboten kepengin melik cepet sugih. Tansah berjuang supados tatanan
pamarentahan saget tumata becik. Kemajuan dhaerah ugi dipun perjuangaken
supados enggal tumata resik, becik, lan endah edi peni. Pramila mboten mokal,
menawi panjenenganipun pikantuk penghargaan lan bebungah arupi “Bung Hatta Anti
Korupsi Award”.
Para lenggah lan
sedayanipun para juri ingkang minulya.
Wekdal sak menika rasa persatuan lan kesatuan ugi tan saya wudar.
Tiyang samangke gampil nesu, gampil tukaran lan memungsuhan. Seneng tindak
culika. Karem sami nglampahi tindak Ma Lima, nun inggih Main, Madon, Madat, Minum,
lan Maling. Sedaya punika kedah enggal kabucal lan dipun mareni. Monggo enggal nglampahi
lan ngugemi Ma Lima nun inggih Manembah, Mituhu, Mikir, Makarya, lan Mawas
dhiri.
Manembah, kedah sumuyud lan sregep anggenipun ngibadah.
Mituhu, kedah tansah mituhu
dhawuhing pamerentah, lan mituhu sedaya aturan.
Mikir, kedah sregep sinau, golek kapinteran lan wawasan.
Makarya, kedah sregep nyambut gawe, dadi wong jawa aja lelewa.
Nanging seneng jaga wibawa
Mawas dhiri, lan tansah waspada marang tantangan, lan pacoban
amarga saking ombaking jaman.
Pramila mangga
kita tansah saiyek saeko kapti. Mbangun negari, tansah njaga kawibawanipun
dhasar negari Pancasila. Mugi negari kita tansah tulus widada. Saged enggal
adil lan makmur baldatunthoyibatun warobun nghofur. Amin.
Semanten saha
mekaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
Kanthi sesanti jaya wijaya wijayanti lebur dening pangastuti. Nuwun.
Wassalamulaikum
wr. wb.
Komentar
Posting Komentar