Pingit

PINGIT
(Anggitan: Sastra Lelana)
Wus patraping bocah sekolah
Ati bungah sugih mitra
Ngudi ngelmu golek sangu urip
Kabeh dhawuh guru dadi jimat paripih
Kabeh buku dak sinau premati
Solah bawa, kaprigelan utama datan keri
                                                 
Dhawuh rama dak estoni
Tuwuh siswa pinunjul punjul dadi

Nanging, aku durung bisa mundhi dhawuh biyung
Aku sengit yen dikurung
Kabeh suwiwi ditali
Aku ora bisa mabur nglalang jagad edi

Sanadyan putri, aku kudu mandhiri
Nggege mangsa yen kudu leladi priya

Aku kudu uwal saka pingit
Aku kudu nggayuh lintang ing langit
Kekanthen ati rinujit rujit
Ngrampungke meguru, nadyan tanpa pamit.


                                                                   25 Dzulqodah 1435 H

Komentar

Postingan Populer