OPO TUMON?



OPO TUMON?
            Crita iki dak alami nalika  aku melu piknik anggota Koperasi ing tlatah Malang, 10 Oktober 2015. Amarga kang melu piknik cacahe udakara 260 peserta, kang diemot bis cacahe ana lima, ora barang mokal yen pinuju ngaso utawa transit ing rumah makan mesthi kemruyuk, rebut dhucung, kabeh kepengin dhisik-dhisikan reresik, bebuwang, dhahar, lan utawa nindakake shalat.
            Wektu kuwi, sakwise bali saka obyek wisata Jatim Park 2, rombongan arep nerusake tujuan obyek wisata ing sentral kerajinan kulit Tanggulangin, Sidoarjo.
Amarga wis arep ngadhepi wektu Maghrib (wayah surup), rombongan diampirke ing Rumah Makan Semanggi. Ing kono kabeh peserta diwenehi kesempatan saperlu reresik, bebuwang, dhahar, lan utawa nindakake shalat. Gandheng kang daktumpaki rombongan Bis 2 bisa tekan panggonan luwih dhisik, mula kabeh penumpang padha dhisik-dhisikan arep enggal reresik, bebuwang, dhahar, lan utawa nindakake shalat. Emanne rumah makan kuwi durung bisa nyedhiani fasilitas kang mirunggan. Kamar mandhine mung ana loro.
            Kancaku Bu N prawakane lemu ginuk-ginuk, durung bisa entuk giliran reresik, mula milih dhahar dhisik. Dhewekke njupuk dhaharan sakmadya ing meja kang wus tinata prasaja kanthi cara prasmanan. Sakwuse dhaharan mau dicawiske ing meja kang kanggo dhahar dhewekke, garwane lan putrane, mula enggal njupuk unjukkan. Tas isi sandhangan kanggo piranti salin ora diselehke, ning malah digawa gondhal-gandhul, wira-wiri njupuk dhaharan lan unjukan mau.
            Dumadakan ana suwara mak “byuuur!” Kabeh wong padha cingak. Ing batin padha takon, suwara apa kuwi?. E, lah dalah! Bu N kecemplung kolam. Klepus kabeh sak tas-tase. Arep ngunjuk lan dhahar kok wus kedhisikan ngunjuk banyu kolam.
            Sawuse ditulungi garwane, banjur ditakoni piye larah-larahe. Wangsulane, jare kolam ing tengahe ruwang makan kuwi disawang katon gilar-gilar meh kaya kinclonge jobin keramik, mula diambah wae. Dumadakan kaget saknalika, dheweke jebul wus kecemplung kolam.
Apa tumon, banyu ing kolam dikira keramik? Mula dadi blaik tenan. Kabeh penganggon teles kabeh. Banjur mlebu ning bis golek salin, emane sing ana mung sarung. Mula sak kondure, kancaku kuwi mung bisa pinjungan sarung.
Sastra Lelana (Kabupaten Batang, Jawa Tengah)                                                                    

Komentar

Postingan Populer