KALI KI PROYONDOKO

DONGENG RAKYAT
Dening: Sastra Lelana
(Sumber: Karsono, warga Desa Tragung)
Jaman rumiyin, rikala Kanjeng Sultan Agung badhe nglurug wonten Batavia saperlu ngrebut negari saking jajahan bangsa Walandi, kanjeng sultan mbidhalaken prajurit atusan cacahipun. Senopatinipun prajurit inggih punika Ki Bahurekso. Ki Proyondoko, dipun rencangi kaliyan Ki Puyang lan Ki Ragadita minangka penatusing prajurit. Bidhalipun prajurit saking negari Mataram wonten ingkang nitih kreta, gerobag, nitih kapal utawi jaran, nanging kathah ugi ingkang namung tindak kanthi mlampah. Sedaya sampun siyaga ing dhiri sawega ing gati. Nyangking senjata lan mbekta sadhengah piranti kagem kabetahan madhang sakdinten-dintenipun.
Kacariyos, wonten ing salah satunggaling dhusun nembe nandhang pageblug. Para  warga padhusunan padha crah amargi sami rebut dhucung, asring madosi lepating tiyang asanes. Sami pados mimpangipun piyambak, lan tebih saking raos kamanungsan. Kawontenan punika amargi wonten jim priprayangan ingkang remen ngganggu jiwa lan daya pikiranipun para warga. Asring padha padu namung amargi rebutan toya kagem ngelebi tanemanipun.
“Castro, kowe sing nyolong banyu ning sawahku po, saiki kudu ditambeki maning ben mili nang nggok sawahku maneh. Yen ora awas lo!” kandhani Parno marang Castro.
“Ora ko, nyong ora mbolong galengmu lo, tenan”, ujare Parno.
 Salebetipun wonten padudon Ki Proyondoko rawuh nyaketi tiyang ingkang sami padudon kala wau. Nanging malah sami ndadosaken selang surup utawi salah paham. Cekaking rembag, tiyang kalih wau dipun paringi ngertos bilih wonten ingkang ngganggu damel. Sak sampunipun dipunupakara, pramila kekalihipun sami sumyuh ngawula dhateng Ki Proyondoko.
  Wanci dalunipun, Ki Proyondoko, Ki Puyang lan Ki Ragadita kerawuhan jim priprayangan ingkang remen ngganggu dhumateng katentremanipun warga dhusun. Cacahipun puluhan, para jim mboten lila amargi rencangipun ingkang seneng ganggu damel ngowahi pikiranipun para warga kala wau ingkang dipun dipilara. Para jim priprayangan blaka badhe merjaya para trahing wong agung kalawau.
“He,  ki sanak sapa kowe wani ngganggu gawe, ho? Rumangsa menang dhewe, ora ngerti yen ing papan kene kuwi sing nguasani aku. Ngertiya aku sak kanca bangsane lelembut kang manggon ana ing Alas Roban. Kowe kudu sumingkir saka kene! Para warga ing padhusunan kene wis dadi jajahanku, wis dadi sandhang panganku. Hayo, gelem ora gelem kowe kabeh kudu sumingkir saka kene, yen ora gelem, kelakon dadi tumbal, mulih gari aran, hem!” panantanging senopatining jim.
 Ki Proyondoko, Ki Puyang lan Ki Ragadita katelune prajurit Mataram mboten namung prigel olah gegaman lan olah kanuragan, nanging ugi tansah nggadhahi kaprayitnan ingkang linangkung. Bangsa lelembut mboten dipun adhepi kanthi oleh gegaman nanging dipun tandhingi kaliyan olah kanuragan lan kadigdayan. Wosipun Ki Proyondoko sak rencang mimpang ing tandhing. Bangsa lelembut jim priprayangan ngakeni kadigdayanipun Ki Proyondoko sak rencang. Kabeh lelembut padha sumuyut sujud, ngakeni drajating ngaluhur.
 Ki Proyondoko sak sampunipun mimpang, nggadhahi panyuwun dhumaten para lelembut supados ndamelaken lepen utawi kali ingkang saged kagem dados ilining toya kangge kabetahaning para tani. Kali utawi lepen kalawau kadamel dening para jim priprayagan namung sedalu. Enjangipun para warga padhusunan sami gumun, wonten kali utawi lepen tiban, ingkang saget nyekapi kabetahaning para warga tani. Wosipun para warga ingkang pedamelanipun tani sami bungah manahipun, sengkut anggenipun nyambut damel, pramila mboten mokal asiling olah tetanen ugi saya matikel. Dhusun ingkang waunipun kebak ing sengkala sakpunika sampun dados dhusun ingkang makmur, guyup, ayem, tentrem, tebih saking rubeda.
  Ki Proyondoko, Ki Puyang lan Ki Ragadita ndherek bungah ningali para warga dhusun tentrem gesangipun. Saklanjengipun nglajengaken ngayahi kewajiban, nerasaken lampah jejering prajurit nindakaken dhawuhing Sultan Agung, nglurug ngrebut Batavia saking jajahaning Walandi. Sakderengipun tindak, Ki Proyondoko ngedalaken sabda, amargi dhusun kalawau dipun mardikakaken saking trahing wong agung, pramila dhusun kalawau dipun paringi tetenger dhusun Tragung. Ki Proyondoko ugi nyiker dhusun kalawau supados mboten dipun ganggu malih dening sinten mawon ingkang nggadhahi niat ala. Pramila ngantos sapunika dhusun Tragung taksih nggadhahi daya kekiyatan ingkang mboten saget dipun tingali kanthi netra manungsa limrah.
Wa Allahu a’lam.

Saget dipun dudut wosipun dongeng inggih punika, kedah nggadhahi sipat tansah ngulir budi, tepa salira, tanggel jawab, mboten gampil nglokro, jujur, wantun ing bebener, melu handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani.

Komentar

Postingan Populer