Brantaku
BRANTAKU
(Anggitan:
Sastra Lelana)
Sore kuwi , ing
perenging Gunung Kendheng
dak sawang wit-witan
katon ijo
ngrembuyung subur lan
tedhuh.
Sanadyan isih ana
giwing kang sela
ngatonake gegambaran
lemah gamping putih,
sajak nambahi eloking
sesawangan.
Angin silir ngobahake gegodhongan
kabeh padha njoged, nut iramaning bayu.
Manuk Jalak Uren padha bali nyedhak mring susuh
ngoceh lan jingklak-jingklak jejogedan
maringi kabar yen dina iki gumbira
ora kurang pangan lan pangonan.
Nanging,
atiku isih rongeh,
yen ngelingi gegambaran kenya ndesa
rong puluh tahun
kepungkur
Kenya kang
sulistya ing warna
Sebaya papa sebaya
mulya
Prasetya bakal mituhu
dhawuh garwa
Ngabekti urip runtang
runtung rerentengan.
Nanging,
Duk semana pamitmu pengin golek ngelmu
dak lilani, paring jurung pangestu
muga kasembadan ing sedya.
Ora ngira jibul
sulaya,
balimu kekanthen
priya liya.
Mula, seprene aku
ngulir budi mawas diri
Apa iya kuwi
wangsulanmu?
Apa iya kuwi asok
bulu bektimu?
Nanging,
Aku percaya, prasetyamu ora luntur.
Aku percaya, brantaku bakal kotimbangi.
Batang, Muharram
1434 H
Komentar
Posting Komentar