Taman Geguritan
Bakrie
(Anggitan:
Sastra Lelana)
Bakrie,
Duk semana uripmu kesrakat
duk semana drajatmu kurang murwat
ewasemono mangkat kerjamu ora nate telat
ndhidhik siswa kanthi tlaten, mugen, mulat.
Adoh saka pamrih munggah pangkat
sanadyan gajimu jarene sok disunat.
Bakrie,
Lelakon urip pancen nyakra manggilingan
Ing jaman iki, nasibmu wus karumat
Bebasan uripmu ora kurang pangan
Nanging, elinga marang Hyang Panguwasa Jagad.
Bakrie,
Saiki papanmu kadya kaum ningrat,
Sepedha onthelmu wus koganti rodha papat
Busanamu necis lir konglomerat
Nanging, elinga aja lali sodaqoh lan zakat.
Bakrie,
Saiki masyarakat padha meri,
Profesimu akeh kang pengin, antri
Ning kabeh durung ngerti
Yen kudu kotebus kanthi laku taberi.
Mula, sliramu kadya iwak ing njero kolam kaca
Kabeh tindak lampahmu padha diwaca
Welingku, aja urip bebas kaya wong manca
Nuruti karep, ngumbar nepsu lan dhahar eca.
Bakrie,
Saiki sliramu kudu sregep
Unggah-ungguh, muna-muni kudu ganep
Siswamu butuh teken kang teteg
Paringana sembur, wuwur, tutur kang trep
Murih dadya taruna mandhireng sigep
Mimpin kaprajan kanthi jejeg
Batang, Muharram
1434 H
Komentar
Posting Komentar